Kaca:Kidung Megatruh.pdf/48

Kaca iki durung katitiwaca

"Nuwun, Ta, wis gelem teka." "Nanging aku nyusul wae kadone." "Kowe isa neng kene atiku wis seneng," anggonku ngomong rada

isin.

Sajroning acara ulang taun aku weruh Tommy. Sing banjur marahi isin maneh nalika banjur diajak njoged karo Dika. Duh, tansah ora kepenak anggonku ndelokeTommy sajak mrengutweruhaku ning njoged karo Dika. Dikangeterkeaku mulih. Arep tekan ngomah dheweke takon meneh.

"Ta, piye gelem ora kowe dadi pacarku?" "Aku, piye ya tak pikir-pikir ndisik." "Wangsulane sesuk, Ta."

"Iya wis."

Dheg-dhegan campur bingung anggonku wangsulan amerga ora mung Dika wae sing dak tresnani saiki uga Tommy. Esuke pas mlebu sekolah.

"Ta, piye pelem ora?" pitakone Dika ndesek. "Iya, Dik!" "Tenan. Nuwun, ya!" dheweke katon senen 14

Dika kanyata kasengsem marang Ela Ddika pancen ora betah menawa mung duwe pacar siji. Atiku ya mangkel, Amarga kaya ngono banjur aku nyedhaki Tommy. Suwe-suwe aku lan Tommy dadi cedhak banget, ora ngelingi yen aku wes duwe pacar. Sajake ati tansah gelo ngapa mbiyen aku nampa Dika. Nalika aku lan Tommy dolan menyang omahe Anisa, aku ndhedes dheweke.

"Tom, kowe seneng pa karoaku ?"

"Apa, Ta. Iya pancen aku seneng karo kowe," wangsulane kayake isin-isin piye."Yen wis putus karo Dika, kowe gelem ora nunggu aku?" "Aku gelem, Ta." Saktenane Tommy bocahe apik. Nanging bodhoku wis milih Dikasing durung karuwan tresna marangaku,

"Tom, nuwun, ya. Kowe isa gawe aku lega ora kaya pacarku kae sing mentingke dheweke dhewe." "Ora papa, Ta, Aku ya seneng isa dolan karokowe."

Basan wis mulih pikiranku saya nglambrang, Yen Dika kae pancen wong lanang sing bagus rupane lan wis dak tresnani wiwit biyen. Menawa