Kaca:Kidung Megatruh.pdf/51

Kaca iki durung katitiwaca

Setu wengi aku dolan menyang omahe Santi. Aku ngajak dheweke lunga. Ora lali aku njaluk idin marang wong tuwane Santi.

“Bu, Pak, kula badhengajak Santi medal.”

“O, nggih. Nanging aja bengi-bengi yo, Mas!”

“Inggih, Bu. Assalamu'alaikum.” Aku ngajak Santi menyang alun- alun. Aku blaka menawa aku tresnaku marang Santi.

“San, wis suwe aku tresna karo kowe. Aku kepengen kowe dadi pacarku! Apa kowe gelem dadi pacarku?” “Ya, aku gelem. wangsulane Santi isin.

Dina-dina candhake, aku karo Santi mbangun sesambungan kang, endah. Ora krasa wis telung sasi pacaran. Mlebu sasi kepapat tndak-tanduke Santi rada beda. Gosipe ing sekolah Santi duwe pacar liya. Banjur aku takon karo kanca-kancane.

“Apa bener Santi duwe pacar maneh?” Kanyata sing diomongake karo kanca-kancane bener. Atiku kaya rinujit-rujit. Aku tau ngalami kaya mangkene, saiki kedadeyan maneh. Aku ora perlu mikir dawa. Santi tak pedhot.

Ujian semester wis cedhak. Aku sinau tambah mempeng supaya bijiku apik. Sawise semesteran aku tampa rapor. Bijiku padha apik-apik. Banjur aku mikir nek sesuk aku duwe bojo utawa pacar sing becik atine ora becik rupane. Aku wis mantep sesuk nek duwe pacar ora perlu ayu sing penting becik atine.

Tengah semester aku kepilih dadi paserta lomba maca gurit. Nalika perlombaan, aku entuk kenalan bocah SMA saka Bantul.

“Halo, sugeng enjang” aku uluk salam. “Halo, sugeng enjang. Jenengku Nita” bocah wadon iku ngenalke aku. Jenengmu sapa, Mas?” pitakone Nita. “Aku Tomi” wangsulanku.

Sawise kenalan aku lan Nita ijol-ijolan nomer telpon. Banjur aku sinau bareng maca puisi. Nita bocahe sabar lan sopan. Saya suwe aku lan Nita tambah cedhak. Saben Dina aku lan nita sms-an. Minggu esuk Nita ngajakaku menyang UGM refreshing. Atiku deg-degan menawa cecedhakan karo dheweke.