Kaca:Kidung Megatruh.pdf/52

Kaca iki durung katitiwaca

TA

Ujian semester loro wis cedhak. Sajroning aku kenal Nita, biji semesterku saya apik. Nita mesti menehi semangat lan pitutur kanggo aku. Sawijining dina, aku regejegan karo Bapakku ngenani pacarku. Aku mangkel banjur banjur lunga saka ngomah. Bapak ora seneng karo Nitaamarga solah bawane ora sopan lan ora duwe tata krama. Uwis bola- bali Bapak lan Ibu ngandani aku nanging ora tak gagas.

Sawise ujian semester aku “nembak” Nita, Banjur aku lan Nita pacaran. Wis telung sasi aku pacaran nanging atike ngrasa salah karo wong tuwaku.

Sore kuwi paa aku lagi teturon, keprungu swara telpon. Aku banjur gage ngangkat telpon.

“Hallo.”

“Tom, kowe lagi ngapa. Kowe isa neng omahku ora?” takone Nita karo swarane radha serak kaya mentas nangis. Sawise Nita telpon aku gage marani Nita. Tekan omahe, aku weruh Nita nangis,

“Kowe ngapa, kok nangis?” Nita banjur njlentrehake undering perkara menawa wong tuwane ora sarujuk menawa dheweke pacaran karo aku. Kanthi rasa kang abot, aku nrimakake menawa Nita ngajak pedhot anggone sesambungan karo aku.

Ora krasa wis telung taun anggonku sekolah neng SMA. Sawise aku ora pacaran karo Nita, sing dakpikir mung sinau kanggongadhepi Ujian Nasional. Aku saiki wis kelas 3 SMA. Pasinaonku saya abot. Ujian Nasional dianake telung dina lan telung pelajaran. Sawise Ujian Nasional rampung, sekolah prei lannunggu pengumuman kelulusan.

Sasi candhake, wis telung dina aku lara, Aku ora nyana menawa bocah wadon sing kondhang ayune ing sekolah teka neng omahku. Waktu kuwi aku lara tipes. Tika ngandani menawa tresna karo aku. Nanging aku ora pelem, amerga Tika terkenal nakal lan seneng gawe loro ati cah lanang; Nanging aku tetep kekancan apik karo dheweke.

Aku seneng banget, amerga lulus ujian. Aku takon karo Tika, “Tik, apa kowe lulus ujian?” Rupane Tika wis mrengut, Banjur dakpeksa ngandani. Sawise Tika ngomong, “Aku.....,” banjur aku tambah deg-degan wedi nek Tika ora Lulus maneh. Tika nerusake omongane, “Aku... Lulus... ....00er ona F