Kaca:Kidung Megatruh.pdf/53

Kaca iki durung katitiwaca

TAN A

Aku melu bungah. Banjur aku lan Tika padha njondhil-njondhil kaya bocah cilik. Saiki Tika wis ora kaya biyen maneh, ugal-ugalan. Wis telung sasi aku kekancan karo dheweke. Aku wegah ngapusi awaku dewe, angonku tresna karo Tika. Sowe kuwiaku dolan menyang omahe Tika.

“Assalamu'alaikum,” salamku. Saka njero omah Ibune Tika metu. “0... Tomi! Kene mlebu. Tika lagi shalat ditunggu sekedhik, ya.” OraletsuweTika metu lannwmoni aku ning ruang tamu.

“Tik, aku pengen takon. Apa kowe isih tresna karo aku?”

“Karepmu apa? Satenane aku isih tresna nanging apa kowe ya tresna karo aku?” wangsulane Tika. Aku gage mangsuli, “Aku ya tresna karo kowe. Apa kowe gelem dadi pacarku?” “Ya, aku gelem.” wangsulane Tika mantep.

Aku lan Tika banjur pacaran. Sawise lulus SMA, aku nyambut gawening Jakarta. Ora lali, aku tansah kirim surat utawa telpon karo Tika. Nanging, suwe-suwe sesambunganku karo Tika saya renggang. Kepara ora nate kabar-kabaran maneh nganti sawijining dina aku krungu kabar menawa Tika wis dadi bojone wong liya. Aku lara ati. Biyen dewekejanji ora arep ngalarani aku maneh, nanging kasunyatane Tika ngapusi. Aku lara ati nganti pirang-pirang taun. pikiranku wisora karuan lan aku jinja pacaran.

Pikirku aku wis ora mikir pacaran maneh, Aku saiki arep mikul dhuwur mendem jero wong tuwaku. Aku mligi arep nyenengke wong tuwaku. Anggonku nyambut gawe ning Jakarta ora krasa wis limang taun. Sawise sukses, aku tuku omah neng Jogja. Pas aku blanja, aku krungu swara wong wadon njerit.

“Tulung...tulung...,” jritane wong wadon mau. “Ana apa, Mbak!” pitakonku rada gragapan. “Tulung masana rampok,” wangsulane.

Tanpa dikongkon maneh, aku gage mlayu ngoyak rampok mau. Orang mungaku, wong-wong sacedhak kono uga padha ngoyak. Wusanane rampoke kecandhak lan digawa menyang kantor polisi. Aku banjur kenalan karom wong wadon mau. Jenenge Vivi. Saya suwe aku saya cedhak karo Vivi. Dheweke bada banget karo pacar-pacarku dhisik. Sanajan rupane ora ayu banget, dheweke luwih ngerteni aku. Vivi banjur nepungake aku karo waong tuwane. Ora krasa wis setaun aku kenal karo Vivi.

Pas preinan akun gajak Vivi menyang Jogja. Dheweke banjur