Kaca:Kidung Megatruh.pdf/54

Kaca iki durung katitiwaca

dakkenalke karo wong tuwoku. Neng Jogja Vivi tak ajak lunga mubeng Jogja. Wong tuwoku ya seneng karo Vivi. Pas lagi ngobrol karo Vivi, ujuk-ujuk deweke ngomong menawa tresna karo aku, Aku lan Vivi banjur pacaran. Aku seneng nyipati menawa Vivi nduweni kawigaten babagan masalah social. Dheweke seneng tetulung marang wong cilik.

Jebul wong tuwoku kepengin aku lan enggal mbangun bale omah. Nanging aku durung gelem amarga isih nunggu Vivi ngrampungke sekolahe. Angkahku, sadurunge dadi manten aku arepngajak wong tuwaku munggah haji. Sawise kelakon munggah haji. Banjuraku takon karo Vivi.

“Vi, wong tuwaku pengin awake dhewe dadi manten. Apa kowe gelem?””Aku gelem menawa panjenengan wis mantep,” wangsulane.

Sawise Vivi dadi bojoku, aku saya tresna karo dheweke. Ora krasa wis limang taun aku dadi bojone Vivi, Keluwargaku ayem tentrem. Aku lan Vivi wis diparingi Gusti anak loro, lanang lan wadon. Sing takeling-eling wiwit biyen, menawa duwe bojo kuwi kudu sing becik atine, Zaman saiki akeh sing golek rupane wae, lan bandane. Aku lan Vivi ngajari anakku supaya sesuk menawa duwe bojo golek sing becik atine dudu becik rupane.

Cindy Ayu Wandari, siswa SMA Taman Madya, Jalan Pakuningratan no, 34 A, Yogyakarta. Telepon (0274) 577121,

Lair 11 Maret1991, Alamat omah, TRIN 574, Yogyakarta 55241. Hobi: maca, renang, jalan:

Bangunrejo

jalan