Kaca:Kidung Megatruh.pdf/59

Kaca iki durung katitiwaca

Jemuah iki Bapak kondur luwih cepet tinimbang biyasane. Aku uga diparingi dhuwit kanggo jajan. Ora mung aku wae ning uga Kang masku, Yu Murtri, lan Parno. Aku ora ngerti ngapa bapak kondure luwih cepet, loma, lan luwih sumeh. Ora kaya biyasane Bapak kaya ngana. Bapak banjur santun rasukan lan lenggahan ing lincak mburi karo Ibu. Aku rada nguping. Bapak lagi crita karo Ibu,

“Pak, lha ngapa ta kok ketoke seneng lan wiwit mau ngguya- ngguyu wae? Ana apa ta, Pak?” “Ngene lho, Bu. Wingi aku nggarap proyekke Pak Murdiman. Jarene sukses. Aku banjur munggah pangkat. Mesthine gaweanku luwih sethithik ning tanggung wangsulane sing gedhe. Gajiku iya mundhak. Ora papa ta pisan pindho aku loma karo bocah-bocah!”

Ketoke saiki wektune sing pas matur karo Bapak bab Parno. Aku isih rada-rada wedi lan rada ora kepenak. Soale akir-akir iki jejalukanku akeh banget. Saka njaluk sepatu tekan njaluk pit montor anyar. Ning aku duwe akal, aku arep nelpon Ratih ndhisik. Nek Bapakku munggah pangkat mesthine Bapakke Ratih ya munggah.

Aku nelpon Ratih lan nyatane bener. Bapakke lagi sumeh amarga munggah pangkat. Aku karo Ratih wis niyat arep mbiyantu Parno. Wusanane aku wani nembung karo Bapak ning isih nganggo ngiwa nengen ndhisik ora langsung to te point.

“Pak, kula mboten siyos nyuwun Pit Montor ingkang enggal mawon. Ketingale kok kula nyuwun kathah sanget, Pak.” “Lha kowe kuwi pancen akeh jejalukanne. Lha wong kowe kuwi uwonge ora isa gemi kok. Lha iya ta, Bu. Wis njaluk sepatu, mangka sepatumu durung jebol. Tas, mangka tasmu isih apik. Ha-pe, mangka ha-pemu ki isih bisa kanggo komunikasi, bisa kanggo motret barang. Dheloken nggone Bapak.” “Inggih. Inggih.., Pak, Bu. Kula nyuwun ngapunten, mboten malih nyuwun-nyuwun ingkang mboten penting. Nanging samenika kula gadhah panyuwunan setunggal kemawon, mboten kathah-kathah.”

“Apa? Nek Bapak isih bisa nyembadani apa sing dadi kekarepanmu. Bapak kersa wae.” Ibu mirsani aku wae. Aku dadi ora manteb lan rada-rada ora kepenak. Nanging aku kelingan Parno sing nelangsa uripe.

“Ngaten, Pak, Bu. Kula menika pengen sanget saged mbiyantu Parno anggonipun nerasaken sekolah. Kula mesakake mawon, piyambakipun taksih enem, sampun wajibibun sekolah, sinten ngertos