Kaca:Kidung Megatruh.pdf/62

Kaca iki durung katitiwaca

OALAH BIYUNG-BIYUNG

Seruni Eka Novita Sari

Wis telung jam aku lungguh ngarep ing komputer. Aku nyoba ngosongake pikiranku saka babagan sing dak anggep ora cocok karo pangrasaku wektu iki, amarga aku kudu konsentrasi golek ide kanggo nulis crita.

“Tik, tok,tik,tok.” mangkono swara detikane jam ing tembok kang kaya-kaya notog-notog atiku supaya gage ngampungake gaweyanku. Wis limang jam suwene aku tetep durung nduweni ide kanggo nulis cerita cerkak sing ditugaske saka BBY. Kok angel tenan, kamangka mung nggolek idekanggonulis cerkak. Walah-walah.., marai endasku tambah mumet.

“Dek Vita... tukokake endhog sekilo, ya!” Ujug-ujug ndawuhi aku saengga marai konsentrasiku buyar. “Ngih, Bu. Inggih, sekedap malih” Sawise tuku endhog, aku balik ning kamarku lan ngedepi komputer lan nulis “Tema : Kriwikan dadi grojogan”. Oalah biyung... ceritane arep mbahas apa ya?. Huh...!

Saiki wis jam 6sore. Adzan wisngumadang, aku arep sholat ndisik. Sawise sholat, aku neruske ngadep komputer sepbisanan maneh. Kamangka ya wis sholat, ati wis tentrem, pikiran wis normal, kok ya ora ndang entuk ide.

“DekWVita... maem ndisik! Mengko kok teruske maneh”. Swarane Ibu mau wusanane mbadarake olehku golek ide kanggo nulis cerkak. Aku banjur maem lan nglalekake gaweyanku bengi kuwi.

Dina Minggu, aku nduwe wektu akeh kanggo ngrampungake critaku sing ora dadi-dadi. Sawise aku konsultasi karo guru basa Jawaku, aku dadi ngerti yen nulis cerkak kuwi pancen angel. Apa maneh nganggo basa Jawa. Dina banjure aku isi krasa kangelan miwiti nulis cerkak, nanging tetep tak peksa-peksa.

Vah..kesel tenan, kamangka durung entuk rong halaman luwih. Mripatku lan boyokku rasane wis wegah banget lungguh ing ngarep komputer nulis lan nambahi ceritaku maneh. Bubaran sekolah aku nyoba niyat ngrampungke cerita supaya aku bisa leren. Lumayan, wis entuk sak