Kaca:Kidung Megatruh.pdf/63

Kaca iki durung katitiwaca

halaman.

Tekan ngomah, aku langsung reresik omah lan nyoba ngurupake komputer. Ujug-ujug, atiku nyelos. Kok komputerku ora bisa murup. Tak pikirmati lampu, kamangka ora. Saklare uga wis temancep. Wah ana apa iki. Aku malah ora wani ngurupake komputer amarga aku wedi nek mengko aku tetep mekso ngurupake, malah dadine tambah rusak apa kongslet. Ya Allah... paringana sabar... rasane gelo banget. Kamangka wis apik banget halaman pertamaku. Kok dadi malah komputere ora bisa murup ki kepiye.

Aku matur karo bapakku yen komputere kayane rusak. Terus, kayane rusake kuwi gara-gara aku lali mateni adaptor. Yen adaptore ora dipateni sawise mateni komputer, kabele bisa ana sing mledup utawa gosong amarga kobong. Krungu critaku kaya ngono, bapakku kaget. Aku saya kagetamarga wusananeaku malah didukani bapak.

“Pak, komputere rusak malih. Kula kesupen mejahi adaptor.” kandhaku melas. “Lhoh.. kok bisa? Kan wis tak kandhani, nek mateni komputer adaptore langsung kok pateni. Kowe kan ya nggawe tulbisan aja lali adaptorre dipateni, ta? “Inggih pak.. kula kesupen saestu. Kula keturon sabibaripun mejahi komputer. Kesupen saestu kula, Pak. Lajeng kadospundi? Data-data penting kula ical sedaya?”. pitakonku wedi.

“Lha ya piye. Sesuk bapak ana acara, ora bisa bali gasik. Kowe telpon mas Ryan wae kon mrene jam telu. Sapa ngerti dheweke bisa mbenakke komputermu”.

“Nggih, Pak.”

“Kowelagiarep nandangi apa saiki?”

“Ajeng ngrampungaken cerkak tugas saking BBY.” “Yakok tulis dhisikapa nang rentalan kan akeh.” “Nggih pak”.

Dadi ora penak aku karo Bapakku, dhuwit manehdhuwit maneh. Larang ora ya nek mung ngganti kabel. Yen ora larang banget kabele MP3 uga bisa didandani sbisan. Walah-walah kok ya aneh-aneh to ya, kamangka mung perkara arep nulis cerkak, dadine malah ngetokake dhuwit lan komputerku dadi rusak. Wah.. njuk nek bisa dibenerke, mung data-data pentingku lan tugas sekolah kabeh padha ilang. Piye, ya. Apa mesthi tak baleni. “Uahh.. aku mumet.”