Kaca:Kidung Megatruh.pdf/64

Kaca iki durung katitiwaca

Uwis dina Selasa. Aku kudu rada nyrempeng ngrampungke cerkakku. Tugas-tugas sekolah uga tambah numpuk. Kudu dirampungke siji-siji. Wusanane cerkakku dak tulis ning buku.

Ya padha wae, padha-padha merlokake wektu suwi kanggo mikir. Bedane nek aku nulis komputere ora bakal rusak. Nek nganggo komputer, ya.. resikone akeh. Aku wis nelpun Mas Ryan supaya tekane jam-jam sore wae. Rasane dhadhaku sesek banget. Komputer sing wis suwi banget bareng karo aku saiki rusak mung gara-gara ora tak pateni adaptorre.

Mas Ryan teka banjur mlebu kamar. Komputere diilang-iling lan dibukaki CPU-ne didelok apa wae sing kudu diganti, Untunge mas Ryan kuwilangganane Bapakku saka kantor. Dadi wis kaya sedulur dhewe.

Wis sakjam lawase durung ana tanda-tanda menawa komputerku arep dadi. Aku sing nyoba nulis cerkak malah tambah ora bisa mikir. Kamangka apa ya kedadeyan sing kayane cedhak karo aku mung aku ora pati ngrasakke.

Masya Allah.. aku kelingan saiki! Temane paribasan 'Kriwikan dadi Grojogani, saiki kayane uwis kedadean karo aku. Iya bener. Mula bukane aku mung arep nggarap cerkak, malah saiki dadine komputerku sing rusak. Iya bener. Kamangka mung cerkak sing ora dhawa lan mbutuhake wektu sak dina.

Aku ora bisa ngrampungke cerkak sing perlu wektu sedina, malah nganti rong dina, tambah maneh lali mateni adaptor, kamangka aku kudu kelingan mateni. Terus komputere dadi rusak. Ya Allah, bener banget. Kenapa aku ora eling babar blas ya. Ya, tak coba nulis sethithik. Sapa ngerti dadine malah apik ora kedawan lan ceritane padet. Sesuke aku didangu bapak.

“Dik, wingi mas Ryan ninggali apa?” ngendhikane bapak. “Mboten nilari menapa-menapa. Pripun to, Pak?” “Kayane kudu

atiku ora karuan krungu Bapak ngendhika kaya ngono. Datane ana ning komputer. Piye iki? Terus ceritaku, apa aku kudu ngetik ning rentalan. Ora letsuweaku lunga menyang rentalan komputer.

“Mas, arep ngrental.. sejam pinten?” “Sejam sewu, arep karo nge-print, saklembare Rp 300.”