Kaca:Kidung Megatruh.pdf/66

Kaca iki wis divalidasi

BY Lathifa Parayuha

Esuk iki katon endah, langite biru lan megane katon lamat-lamat. Srengengene semburat jingga, sajak isin arep pamer njalari swasana dadi adhem-ayem. Mangkono uga ing pasar Beringharjo. Ing pasar iku wisrame banget kebak wong. Ana kang lagi blanja, nawakke dagangane supaya cepet payu, rerasanan, lan liya-liyane. Pokoke sawenehe wong lan dagangan tumplek blek ing pasar mau. Ujug-ujug, swasana mau rusak amarga ana

kangalok.

Wong-wong padha noleh banjur ngoyak copet mau. Korbane sawijinging Ibu kang lagi blanja lan nyangking tas blanjan.

“Woiii.... Ana copet!”

“Endi copet!”

“Kae mlayu banter banget!! Ayorewangi nyekel.”

“wooo...awas kowe copet!“Ora let suwe, copete kecekel. Buk, bak, buk. Mangkono swarane wong-wong kang nggebugi copetmau.

“Ampun, Pak! Adududuh.... Kula kapok!” “Ampunampun! Nek wis kecekel lagi ampun-ampun!” “Tak lapurkepolisi kowe!”

“Ampun, Pak. Hwadoooh... Ampun dilaporke polisi!” “Kepenaken kowe!”

“Wis rasah kakehan cincong ayo padha digawa menyang kantor polisi!!!” Nguing... Nguing... Nguing... keprungu swara sirene polisi.

“Wonten menapa niki, Pak? Kok rame banget? Lha tiyang nika kenging napa, kok babak bundhas? Ketoke aku kenal?” pitakone salah sijining bapak polisi kang duwejeneng Widodo.

“Menika ,Pak. Nem-neman menika ingkang wau nyopet Ibu ingkang nembe blanja.” “Sampun samenika bapak-bapak padha bubar mawaon. Copete dados urusan kula.” Mangkono. Wong-wong sing ndelok

padha bubar.