Kaca:Kidung Megatruh.pdf/68

Kaca iki durung katitiwaca

thingak-thinguk golek panggon kanggo lungguh. “Mas-mas!!! kene lenggah kene!” Ana sawijining Ibu njawil pundhake lan nawani palungguhan ing jejere. Nom-noman mau banjur lungguh. Sawise lungguh sauntara, dheweke krasa menawa ibu ing jejere tansah ngematke dheweke. Nom- noman mau banjur mengo. Ibu mau tetep ngematke dheweke karo ngeling- eling kaya tau ketemu nanging embuh ing ngendi.

“Ibu!”

Nom-noman mau kaget banget basan kelingan sapa sing ngematke lan nawani dheweke lungguh. Jebul Bu Rini. Sawise terwaca lan kelingan marang kedadeyan sangang sasi kepungkur. Nom-noman mau banjur matur marang ibu ing sandhinge.

“Bu, kula nyuwun pangapunten. Rumiyin kula nate nyopet Ibu. Samenika kula khilaf. Kula sampun janji mboten mbaleni malih. Ku kula sampun tobat.”

“Oalah...kowe to mas?” Bu Rini banjur kelingan kedadeyan sangang sasi kepungkur ing Pasar Beringharjo.”Kenging menapa, Bu?” pitakonenom-noman mau kaget.” Aku ora nyana ketemu wong sing mbiyen tau nyopet aku lan saiki lengguh ing jejerku, beda banget. Kowe wis dadi waong alim. Rasane kaya ngimpi. Dadi tanganku dak jiwit supaya aku yakin ora mung ngimpi. Jebul aku ora ngimpi. Iki nyata.. Alhamdulillah. Banjur kepriye critane?” “Sapajenengmu, Mas?” Kula Bayu, Bu.”

Durung rampung pitakonane Bu Rini marang Bayu, keprungu swara kenek bis sing bengok-bengok.

“Lapangan, lapangan, persiapan lapangan!” “Pak lapangan! Nika tulung gawane.” Swarane Bu Rini karo gage ngadheg.Sinambi mlaku, Bu Rini ngajak Bayu karo nggandheng tangane.

“Mas Bayu, ayo mampir!” “Ning Bu, kula...” “Wisrapapa ayo mampir nang omahku!”

Tangane Bayu mau ditarik karo Bu Rini. Wong loro banjur mudhun. Bayu nggawakke blanjane blanjane Bu Rini.