Kaca:Kidung Megatruh.pdf/69

Kaca iki durung katitiwaca

“Kuwi omahku, wis ketok, ora adoh to?” Basan wis tekan ngarep omah, Bu Rini ngajak Bayu mlebu.” Ayo mlebu. Ora usah isin, dienggo wae sandale.

Bu Rini banjur nglebokake blanjane ing pawon. Ora let suwe metu maneh karo nggawa wedang.

“Iki wedange diunjuk, lan panganane uga di dhahar.”

“Duwenemung iki. Oleh-oleh saka Bandung.

“Inggih, Bu.”

“Maturnuwun, Bu. Kula malah ngrepoti.”

“Ora papa. Santai wae. Ayo peuyeum-e dicoba. Iki enak, rasah isin- isin. "Sawise ngombe lan mangan saanane, Bu Rini banjur nakoni lelakone Bayu sajroning sangang sasi.

“Piye critane, kowe bisa dadi kaya ngene? Aku dadi kepingin ngerti.” pitakone Bu Rini. “Wis ora papa. Aku wis ngapurani kowe. Aku percaya kowe wis tobat lan ora bakal mbaleni maneh, Ha'a ta?” “Inggih, Bu. Matur nuwun. Ing penjara kula dipun panggenaken setunggal sel kaliyan Pak Karmo.”Bu Rini kaya kaget krungu jeneng Pak Karmo. Nanging rasa kuwi bisa disimpen neng atine.

“Pak Karmo menika mlebet penjara amargi dipun wastani korupsi arta 2 milyar ing perusahaanipun. Nanging estunipun Pak Karmo mboten nate korupsi. Pak Karmo namung dipun jebak kaliyan kancanipun. Emanipun, Pak Karmo mboten gadhah bukti kangge mbela dhiri.”

“Pak Karmo menika ingkang ngajari kula sholat. Tiyang ingkang nyadaraken kula saking margi ingkang sasar. Pak Karmo menika sregep ngibadah. sepisanan kula rumaos risi ningali Pak Karmo sholat lan maos GDuran.”

“Miturut kula, sholat lan maos Ouran menika namung mbrebeki. Mboten wonten ginanipun. Mboten saged nulungi kula medal saking penjara. Mboten saged nulungi kula nalika rumiyin kula nandang kesisahan, pas kula lan kelwuarga kula kathah kabetahan, pas kula gadhah masalah. Nanging, Pak Karmo lajeng njlentrehaken menapa ginanipun sholatutawi ndonga marang Gusti Allah,”

“Nate kula ningali Pak Karmo dipun tuweni kaliyan sinten kula mboten ngertos. Pas wangsul Pak Karmo kaya duka. Lajeng Pak Karmo