Kaca:Kidung Megatruh.pdf/71

Kaca iki durung katitiwaca

Wusananipun kula saged apal donga-donganipun. Kula nyobi, sepisanan namung sholat maghrib, lajeng mboten, teras tambah-tambah. Wusana kula saged sholat5 wektu.”

“Kula sadar mboten wonten ingkang siya-siya. Bibar menika urusan kula mlampah kanthi gampil. Kula bebas. Kula dipun taweni pedamelan ing penjara, dados uztad. Nanging mboten kula tampi, kula risi, kula dereng cekap ilmunipun. Pihak penjara inggih maklum. Kula mboten nyana estu-setu diparingi margi ingkang gangsar.”Bu Rini manthuk- manthuk. Mung meneng wae. Sajak ana sing dipikirke. Teka-teka Bu Rini nangis. Bayu kaget, ana apa kok ngerti-ngerti Bu Rini nangis.

“Bu, wonten menapa kok muwun? Kula nyuwun ngapunten menawi kula damel salah kaliyan Ibu, nanging kula mboten sengaja, kula mboten ngertos menapa sebabipun.”

“Bubar krungu critamu, aku dadi kelingan karo garwaku.”

“Wonten menapa kaliyan garwanipun, Ibu?”

“Kowengerti ora le cah bagus, Pak Karmo kuwi garwaku. Aku ora nyangka. Aku seneng banget. Aku... aku bingung arep ngomong apa. Aku seneng.”

Bayu kaget, uga ora nyangka iki kebeneran utawa di sengaja. Pak Karmo sing nulungi Bayu, sing gawe Bayu dadi kaya ngene. Pak Karmo sing nyadarke Bayu saka tumindak nista bin ala bin tercela. Bayu luwih ora nyangka yen Pak Karmo iku garwane Ibu sing mbiyen tau di copet.

Bayu ngucapke syukur, ketemu sing wis nulungi dheweke, nanging uga isin ditulung akeh banget. Bayu trenyuh atine. Bener kandhane Pak Karmo, Gusti Allah iku Maha Murah lan Maha Gedhe. Bayu ora ngerti piye carane mbales Pak Karmolan Bu Rini kuwi sing wis apikan lan nulungi dheweke akeh banget. Bayu mung bisa donga muga-muga, amale Pak Karmolan Bu Rini dibales karo Sing Kuwasa.

“Bu, kula mboten nyana, kula lingsem, kula maturnuwun sanget kaliyan Bapak saha Ibu. Samenika pripun kabare Bapak?”” Pak Karmo apik- apik wae kok.”Wong loro mau gumeman nganti ora sadar yen Pak Karmo kondur.

“Assalamualaikum...” “Wa'alaikumsalam. Eh Bapak wis kondur. Iki ana tamu spesial,