Kaca:Kidung Megatruh.pdf/73

Kaca iki durung katitiwaca

KORBAN

Ivonne Oktaviani

Sorekuwiingomahe Cyelin.

“Fell, ora krasa awake dhewe wis mlebu SMA, ya. Kayane lagi wingi aku, Kezia karo kowe ndaftar bareng mlebu SMP,” kandhane Cyelin marang Fella. “Iya, Lin. Nanging aku rada jengkel nalika MOS wingi kae. Kakak kelase dhewe mrintah-mrintah sakepenake dhewe.”

“Ora kaya ngono, Fell. Jenenge wae MOS, ya kudu kaya ngono. Wingi nalika 'makrab' kakak-kakak Pembina MOS wis njaluk ngapura. Dheweke padha ngrumangsanai wis gawe kaluputan marang murid-murid anyar,” wangsulane Kezia. “Yaw is, saiki wis bengi. Sesuk padha sekolah. Ayo, Kez mulih bareng,” Fella ngajak Kezia. “Aku karo Fella mulih dhisik ya, sesuk mangkat sekolah bebarengan.”

Kezia lan Fella banjur mulih menyang omahe dhewe-dhewe. Cyelin, Kezia, lan Fella kekancan wis suwi banget. Wiwit SD nganthi saiki. Fella iku anak tunggal, nanging Bapak lan Ibune wis pegatan, dadi dheweke kurang kasih sayang. Yen Kezia, wong tuwane sugih, duwe adik lanang, nanging duwe lara kanker. Cyelin kuwi anak tunggal, ayu, sugih, lan pinter, Nanging Ibune wis seda lan Bapake ora tau ngurusi amarga sibuk karo gaweyanedhewe.

Yen didelok-delok, Cyelin kuwi bocah sing paling bejo, nanging ana siji kekurangan sing nggawe Cyelin ora pede lan kadang-kadang diseriki karo kancane. Mripate Cyelin wuta, ora bisa ndelok apa-apa. Mulane kancane loro kuwi, Fella lan Kezia saben dina yen arep mangkat sekolah, ngampiri Cyelin dhisik lan nuntun tekan sekolah. Sekolahe cedhak karo omahe Cyelin. Tekan sekolah, Fella sing wiwit mau mbesengut, pamitan,

"Lin, Kez, aku ning kamar mandi dhisik, ya!" Cyelin karo Kezia durung nyauri, Fella langsung mlayu. Kezia bingung amarga Fella ora kaya biyasane. Sawise Kezia nglungguhake Cyelin ning bangkune, Kezia langsung nggoleki Fella. Kezia ngerti Fella karo Susi lagi omong-omong wong loro.

Ora sengaja Kezia krungu. Kezia kaget nalika krungu menawa Fella apikan karo Cyelin kuwi sejatine ora ikhlas. Fella wis bosen saben-