Kaca:Kidung Megatruh.pdf/74

Kaca iki durung katitiwaca

saben kudu nuntun Cyelin menyang endi-endi. Nanging, Fella tetep imba- imba apik karo Cyelin amarga Fella butuh duwit kanggo tuku ape. Ooo, dadi yen Fella imba-imba apik karo Cyelin, mesthi Cyelin gelem menehi dhuwit Fella.

Kezia kaget banget lan ora nyana menawa Fella serik banget lan duweniyat ala marang Cyelin. Kezia bingung arep kandha Cyelin apa ora. Wusanane Kezia niyat arep kandha karo Cyelin amarga Kezia tresna banget karo Cyelin lan ora trima menawa Cyelin arep dicilakani kaya ngono.

"Lin, aku arep kandha karo kowe nanging kowe aja kaget, ya. Fella kuwi saktenane ora ikhlas kekancan karo kowe. Dheweke apik karo kowe amarga duitmu, kowe mesthi ngati-ati karo Fella!" Kezia ngomong karo Cyelin.

"Mosok Fella kaya ngono Kez, aku ora percaya," Cyelin maido.

Esuke, Cyelin ngajak Fella mlaku-mlaku amarga Cyelin arep takon karo Fella apa sing diomongke Kezia kuwi bener. Sawise ditakoni, Fella langsung ngamuk lan ngomong menawa sing gawe-gawe Kezia amarga Kezia ora seneng menawa ndeleng Fella cedhak karo Cyelin. Fella imba- imba nangis supaya Cyelin mesaake karo Fella. Wusanane Cyelin luwih percaya karo Fella tinimbang karo Kezia. Wiwit dina kuwi, Cyelin ora tau ngomong karo Kezia, ora kekancan maneh karo Kezia. Cyelin dadi luwih cedhak karo Fella.

Sawijining wektu, Fella ngajak Cyelin mlaku-mlaku ning taman sing aduh karo omahe Cyelin. Tekan taman, Fella nembung njaluk duit karo Cyelin, alesane arep kanggo mbayar sekolah, amarga wis nunggak 6 wulan. Amarga Cyelin mesakake, banjur Fella diwenehi dhuwit. Sawise diwenehi duit, Fella ngrasa kurang, banjur nyolong dompete Cyelin sakisine. Sawise nyolong, Fella ninggallake Cyelin dhewekan ning taman kuwi. Cyelin bingung lan ora bisa bali. Bejane ana wong sing gelem nulung Cyelin lan ngeterke bali tekan omah.

Esuke, mangkat sekolah Cyelin diterke dening rewange. Tekan sekolah Cyelin entuk kabar yen Fella wis pindah sekolah krungu menawa Kezia mondhok ning Rumah Sakit amarga lara kankere kumat. Cyelin langsung lunga Rumah Sakit diterke sopire. Tekan Rumah Sakit, ibune Kezia mangis karo ngrangkul Cyelin. Ibune Kezia ngendika yen Kezia wis seda lan Kezia pesen yen korena mripate arep didonorke marang Cyelin. Krungu kaya mangkono, Cyelin ora sudi nampa, nanging Ibuke Kezia ngendika