Kaca:Kidung Megatruh.pdf/78

Kaca iki durung katitiwaca

“Terus kepiye panguripanmu nang kana?”

“Aku pisah karo Ibuku. Kabar sing dak rungu, majikanne Ibu wongeapikan. Wiwit tekan Malaysia aku durung ketemu karo Ibuku maneh nganti saiki. Aku ora pamit langsung karo Ibuku menawa aku mulih rene. Pesenku mung dak titipke karo kancaku. Mbiyen lebar aku tekan kana, aku etuk majikan sing apikan, ananging mbok menawa pancen uwis dadi nasibku. Majikanku sing apikan mau pindhah tugas menyang Bangkok.

Banjur aku etuk majikan sing gaweane mung nyiksa aku terus. Majikanku wonge arogan banget kajaba kuwi omongane dheweke bebasan esuk dhele sore tempe. Menawa dheweke muni A, aku wis nglakoni apa prentahe nanging dheweke malah muni nek mau prentahe muni B. Mencla- mencle kaya ngono. Menawa wis ngono mengkoaku sing disalahke aku sing dadi sengsara.”

“Dadi kowe saiki kaya mangkene jalaran penggawene majikanmu sing ora nduwe rasa kamanungsan kuwi? Ngapa kowe ora nglawan majikanmu?” “Pancen majikanku sing nggawe aku kaya mengkene. Ora nglawan kepiye? Saben dheweke nglarani, aku nglawan terus, nanging etuk-entukane malah kaya mengkene. Tangan, geger, rai, sikilku dadi korban.”

“Dadi kabeh cacat sing nang awakmu iki amarga penggawene majikanmu. Menawa aku etuk ngerti, kepriye dheweke nyiksa kowe?” “Dak critani, Nung, kepiye rasane disiksa kaya mengkene. Dina kuwi aku kesuwen menyang pasar amarga dhedhel banget pasare. Basan bali, tekan ngomahaku langsung disiram nganggo banyu panas.

Raiku iki sing kena. Rasane perih banget, Nung. Rai iki rasane kaya kobong. Durung rampung tekan kuwi. Lebar aku mlebu, gegerku ijik disiram nganggo wedang panas banjur disunduk-sunduk nganggo wesi. Dadine kaya mengkene Nung. Delenga dadi kaya sisik ula. Wektu kuwi rasane perih, getihe akeh banget. Aku blas ora bisa suwala. Ora mung kuwi sing dak etuk nalika nang kana. Seka perkara cilik ngasi gedhe.

Sapu, kayu, wesi wis mesthi dadi pangananku saben dina. Rong taun dak sabar-sabarke nrima uripku sing kaya mangkono, ananging sangsaya suwe aku mikir, sangsaya lara ati lan awakku. Aku mikir terus kepriye carane supaya bisa minggat saka kana.

Ngasi sajroning dina aku dilarani maneh, iki sing paling lara, sing