Kaca:Kidung Megatruh.pdf/80

Kaca iki durung katitiwaca

PINTER MINTERI

Ratri Primadiati

Bagus kerep ngguyu dhewe ndelok polahe rewange kang kembar, Tuti lan Tati amarga yen omong-omongan mesthi keri-kerine kerengan. Kaya wektu subuh kuwi, Bagus ora sengaja krungu Tuti lagi omong- omongan karo Tati

“Ti, Tati... mesakake Ibu, ya?” jare Tuti. “Ana apa?” Tati sing lagi marut kambil katon ora patio nggatekake. Bagus mepetake awake ing tembok dheweke pengen ngerti apa kang arep diomongake wong kembar kuwi.

“Kuwi, pesenan panganane saiki lagi sepi...”

“Oh, iya.”

“Ibu saiki lagi mbutuhake duit akeh kanggo mbayar sekolah Mas Baguslan Mbak Suci...””Iya, ya...”

Tuti mbesengut nyawang sedulur kembare kang mung nonton iklan ing TV. Banjur Tuti nguncalake serbet mambu kang mentas dienggo ngelap wajan neng raine Tati.

“Tati, tampanana iki!” mangkono mbengoke Tuti. Tati gelagepen banjur muring-muring, Tuti mung bisa nyengir. Bagus ngguyu nyekakak nganti orarumangsa yen Ibu wis jumeneng ing sandhinge.

“Ngapa kowe, Gus. Kaya kucing ngincer iwak asin?” Bagus kaget banjur noleh. “Eh, Ibu. Menika nembe nedha roti.” Ibu banjur tindhak tumuju pawon. “Wong ngelih kok nganggo nginjen barang. Wis sholatsubuh durung?” “Sampun, Bu.”

Tuti lan Tati kang ndelok Ibu teko banjur mandheg olehe muring- muring lan nerusake pagaweane. Ibu nyawang rewange kaya-kaya arep ngendika nanging abot. Tati kang apal nyawang pakulinane Ibu banjur takon.

“Wonten menapa, Bu? Badhe dhawuh menapa?”Ibu mesem radha kapeksa banjur ngendika. “Nggg, iya. Ngene iki, Tuti, Tati...Ibu arep ngendika...”“Nggih dhawuh kemawon, Bu.”Ibu nyedaki Tuti lan Tati.