Kaca:Kidung Megatruh.pdf/81

Kaca iki durung katitiwaca

“Mbokmenawa kowe wis ngerti yen saiki pesenan panganan lagi sepi.” Tuti lan Tati ora semaur.

“Njalari olehku entuk duit sethithik,”

“Lajeng?” oyake Tuti. “Aduh, Ibu ora bisa ngendikake. Iki ndadekake Ibu prihatin.” “Bu, ngendika kemawon. Mboten sisah tedheng aling-aling,” ujare Tati. ”Dadi...dadi kepeksane aku kudu ngelongi salah siji ing antarane kowe sakklaran. Kanggone Ibu abot lan sumedot kudu pisah ing antarane kowe, nanging Ibu ora kuatnyangga.”

Tuti lan Tati kaget banget kaya-kaya mentas ana bledheg kang cerak marang dheweke. Wong loro mau banjur kumecap bebarengan.

“Bu, kula mboten saged pisah! Menawi sampun mboten dipunkersakaken, sedaya dipunlereni kemawon.”Ibu meneng. Bingung. Bagus kang isih nguping gela banget krungu omongan Tuti, Tati, lan Ibu banjur dadi melu-melu bingung. Padahal mau pas nguping, karepe kan arep golek seneng. Karo sebel lan sirah mumet mikirake kahanan kuwi, Bagus mlaku tumuju kamare. Luwih becik tata-tata adhus, banjur mangkat sekolah.

Bali sekolah, Bagus lan Suci ameh bareng olehe tekan omah, Kahanan ing jaba pas kuwi pancen panas, gawe ngorongan garing. Ameh bebarengan wae Bagus lan Suci mbengok ngundang si kembar Tuti lan Tati arep kongkonan gawe esjeruk.

“Tutiii, Tatiii...gawekna es jeruuuk!” bengoke Bagus lan Suci sinambi lungguh ing lincak. Ibu metu nggawa rong gelas es jeruk. Bagus lan Suci ndomblong.

“Ingkang dipuntimbali Tuti lan Tati, kok Ibu ingkang medal?” Ibu menehake gelas es jeruk marang Bagus lan Suci. Banjur ngendhika, “Tuti lan Tati wis ora nyambut gawe ing kene maneh... "Bagus lan Suci kang lagi ngombeesjeruk banjur keselek.

“Pesenan panganan lagi sepi dadi Ibu ora duwe duwit maneh kanggo mbayar wong loro. Sakdurunge Ibu njaluk salah sawijining wae mandheg nanging jarene wong loro kae ora bisa dipisahake.” Bagus lan Suci banjur ora kepenak ngrungokake kabar kuwi. Bagus lan Suci mung bisa ngematke Ibu mesakake. Tanpa ngenteni rasanan anak-anake, Ibu banjur nerusake pagaweane ing pawon. Suci ngematke Bagus kang isih meneng.