Kaca:Kidung Megatruh.pdf/82

Kaca iki durung katitiwaca

Adhine kuwi pancen wis krungu kedadean mau esuk, nanging ora ngira masalahe bakal segedhe iki. Suci banjurnyusul Ibu ing pawon.

“Nembe ndamel menapa, Bu?” pitakone Suci. “Roti pisang. Kebeneran wit gedhang mburi omah wis mawoh, dadi Ibu gawe roti wae. Gelem?” Ibu menehi siji roti saka piring. Suci ngicipi lan banjur kesengsem.

“Wah, eco, Bu. Pripun bilih roti-roti menika dipunsade kemawon?”

“Ah, arep didol neng endi?”

“Wonten sekolah kemawon. Kengken Bagus mbeta roti-roti menika. Mesti laris, kok. Lare-lare sekolah kan remen jajan sedaya!” Ibu manthuk-manthuk.

“Bener banget. Ning apasi Bagus gelem?”

“Babagan menika Suci kemawon ingkang atur!”

Suci banjur nemoni Bagus kang isih ndomblong ing omah ngarep. “Gus, aja ndomblong terus. Awake dhewe kudu ngewangi Ibu. Dadi sesuk kowekudu dodol roti gawean Ibu ing sekolah!”Bagus kaget.

“Menapa? Nyaderoti? Roti menapa?” “Aja kakehan takon, pokoke kowe, wong lanang kudu ngewangi Ibu golek duit. Oke?” Bagus saya ndomblong.

Sakjane Ibune ora ameh kongkonan Bagus dodolan, utawa Suci ngewangi gaweroti. Kanggo Ibune, pagawean bocah-bocah kuwi sinau. Lan kuwi wis cukup abot, ora perlu maneh ditambahi karo urusan golek duwit. Nanging amarga Suci maksa, kuwatir ora ana duit maneh kanggo blanja, mula subuh-subuh, pas si pitik jago kluruk, ibune wis nggugah Bagus sinambi nyangking kranjang.

“Gus, iki roti kang kudu mbok dol! Ibu wis lek-lekan sewengi nggaweroti-roti iki!” Bagus gelem ora gelem kudu nampa.

Esuk-esuk ing sekolah, Bagus ora wani langsung mlebu lewat regol ngarep. Bagus isin nggawa kranjang roti. Kaya ibu-ibu wae. Dheweke banjur celingak-celinguk sinambi mlebu liwat lawang cilik ing sanding sekolah. Bocah-bocah kang lagi teka, padha ndomblong ndelokakesi Bagus.

Lagi mbesengut dimatke bocah-bocah, ngerti-ngerti Ayu teka. Bocah kang ditaksir Bagus.