Kaca:Kidung Megatruh.pdf/84

Kaca iki durung katitiwaca

kanglagi nanggung ngedhuk liwetan.

“Bu, tepangaken. Menika Mas Hari, Bu.” Mas Hari manthuk hormat marang ibune Bagus. Nanging Suci banjur duwe firasat elek. Dheweke ngerti banget adat si Bagus yen duwe salah. Seneng ngenggokake omongan. Suci banjur narik Bagus ing pojok ruangan tengah, ora lali ibune ugamelu digeret.

“Gus, kowedurung mangsuli pitakonanku!”

“Bab menapa?” Bagus etok-etok ora ngerti.”Bab bathen dodolan roti!” Ibune uga dadi pengen ngerti. “Ho-o, Gus, apa rotine entek kabeh?”Bagus manthuk. Suci sumringah. “Hebat, kowe. Kowe pancen duwe bakat dodolan. Terus duite endi? Wenehake Ibu lo!” “Artane ugi telas. “Suci lanibune mendelik.

“Entek?”

“Nggg, kenging niki, Bu. Bab arta menika, sakleresipun wonten sesambetanipun kaliyan Mas Hari. Sedaya duit dodolan roti kangge mbayar Mas Hari nyambut damel ing ngriki.” “Nyambut gawe neng kene?” ibu kaget.”Inggih.

Bagus melas yen Ibu mboten kagungan rewang. Yen Mas Hari, kan sregep. Ibu mboten sisah sayah-sayah malih. Piyambakipun saged umbah- umbah, ngepel, mbeneraken gendheng, dolanan sulap, pokokipun murakabi sedaya, lah. Lan kalih wulan menika mboten digaji amargi sampun kula bayar ngangge arta bathen roti!”Ibune isih arep ora terima manging Bagus kanthi licikke memelas maneh,

“Kula mboten tegel nyawang Ibu tumadang damel piyambakan. Mangke Ibu gerah, lho!” Ibune bingung nganti wusanane setuju. “Nah, sesukjatahe Mbak Suci kang mbeta roti ing sekolah!” jare Bagus seneng.

Ratri Primadiati siswa SMAN 7

Jalan: MT Haryono47, Yogyakarta.

Telepon (0274) 377740.

Lair23 April 1991. Alamatomah, Onggobayan 106A, RT.02, Jalan: Wateskm. 3,5, Ngestiharjo, Kasihan, Bantul 55182. Telepon (0274) 617051.

Hobi: maca.