Kaca:Kidung Megatruh.pdf/85

Kaca iki durung katitiwaca

DINA-DINA DINA Kinanti Oktavian Alif

Tanggal 13 Mei 2007 esuk. Ning ngarep gerbang sekolah sing arep ditutup. Aku tangi kawanan maneh. Rasane ya gela, ning piye maneh. Bola- bali telat, suwe-suwe dititeni karo puru piket nganti diparabi “tukang telat”. Esuk uwi, pancen gaweyanku neng sekolahan akeh banget, salah sijine kudu nyiyapake proposal kanggo pentas seni.

Tanggal 29 Mei 2007, wektu jam ngaso kapisan, ing ngisor wit klengkeng ngarep kelas IPS3, “Din, ransane ki kesel banget, ya! Ngerti ra. Ki, swaraku nganti entek mbengoki adik kelas sing melu latiyan baris- berbaris. Pisananeaku wegah dadi komandan peleton, ning kok ora ana sing gelem ngganteni. Ngono Iho! Mangkakna, sesuk aku, ya, kudu melu latiyan kepemimpinan ning Kaliurang bareng cah-cah karang taruna. Piye, ya? Mangkat ora, ya?"

Mangkono sipate Nilam, kanca akrabku wiwit kelas siji. Aku wiwit akrab karo dheweke nalika melu pelatiyan jurnalistik. Ing sekolahan, aku lan Nilam sok-sok rada regejegan amarga dheweke cemburu marang Mas Aziz, kanca ana ing OSIS.

Tanngal 30 Met 2007.

"Din, arep ngadep Pak Edi, kapan, ki proposale wis dadi. Graha sekertarisku, senenge. ya, nyusu-nyusu ngajokke proposal karo Pak Edi, guru wakil kepala kesiswaan, kanggo ngadani pentas seni. Nanging, aku wissiap-siap menawa proposal ditolak.

"Lha, iki lak neko-neko, ta? Ana ngendi pentas seni ing sasi Agustus, kuwi rak padha wae nganggu bocah anyar sing lagi mlebu karo para siswa sing padha ngurusi kalulusane, ta? Tur, ya, apa. kowe padha isa nganake acara sagedheiiku, wong kowe, ya, padha ngerti dhuwit sekolah ora mung gawe sesenengan macem ngono, ya, ra?", Pak. Edi ngendika karorada emosi.

Tenan, apa kang dadi kekuwatiranku kedadeyan. Aku isih ora mudheng, kaya-kaya Pak Edi ora nate seneng menawa bocah-bocah nganakeke pentas seni. Miturut dheweke, kabeh mau mung ngobral dhuwit.