Kaca:Kidung Megatruh.pdf/87

Kaca iki durung katitiwaca

Bubar mubeng-mubeng sawetara, ing tempat tidur pojok, Nilam kaget banget. Ing kono dheweke weruh Dina sing wis ora rupa. Ora salah maneh, kuwi Dina. Akeh selang lan kabel temancep ing awake.

Nilam langsung nelpon omahe Dina.

"Halo, Niki dik Nilam dede, nggih?” Ibune Dina kethoke kuwatir. "Nggih. niki sinten, nggih?"

"Niki ibukipun Dina. Dik, Din... "swarane kepedhot.

Bu, samenika Dina wonten ing Sardjito. Kecelakaan, parah. Cepet tindak mriki, nggih, Bu!" "Oalah, Gusti 4” banjur telpon diselehake lan age-age menyang Sardjito.


Ibune Dina banjur ngeling-eling kedadeyan mau esuk. Kaya adat sabene, Dina mesthi kesusu menawa arep mangkat sekolah. Dheweke, dina iku uga arep ngurus pertukaran pelajarneng Australia.

Ing ndalan, Dina ngebut, wedi telat, “Pisan iki aku tenan-tenan ora enthuk telat,” batine Dina. Jam pitu bakal ana pengumuman lan daftar ulang kanggo para siswa sing melu pertukaran pelajar ing Australia. Aku mesthi bisa, mengkono pambatine Dina.

Ora, iki mesthi salah. Iki salah. Mesthine aku sing kapilih melu pertukaran pelajar ing Australia. Dudu Nilam lan Bowo. Aku sing enthuk biji paling dhuwur. Aku sing pinter ngarang nganggo basa Inggris. Ora bisa ngene. Aku kudu takon karo Bu Sri, guruku BK.

"Kowe pancen sing paling pinter lan bener, Dina. Nanging fotokopi sertifikat lan surat ijin wong tuwamu kang ora lengkap. Dadi, ya, piye maneh. Kowe ora duwe wektu ketemu aku konsultasi amarga kudu bola-bali mbenakke proposalmu, ta. Wedi ngganggu kowe, aku ora kepenak njaluk wong tuwamu nyepakke fotokopi sertifikat lan surat ijin. Wis ora papa. Isih ana liyane. Ditrima wae, ya. " Bu Sri, guru sing paling cedhak karo aku, sing kerep nulungi aku babagan sekolah. Ning ngapa, kok, saiki kaya ora nggatekkeaku maneh.

Dina iki pancen dina paling nyebahi. Sepisan, esuk mau Dina wis padu karo Ibu Kepindho Dina ora sida menyang Australia amarga telat numpuk foto kopi sertifikat lan surat ijin saka wong tuwa. Nanging, Bapak Tan ibu ora gelem ngrewangi. Ketelu, ngadhepi Pak Edi sing wis ora pelem manehana urusan karo sing jenenge proposal Pentas Seni.