Kaca:Kidung Megatruh.pdf/89

Kaca iki durung katitiwaca

KENAPA AKU KUDU MELU KOWE

Suryani Yulianti

Dina sepisanan aku mlebu sekolah, sawise preinan sasuwene rong minggu. Atiku seneng amarga bisa munggah kelas KII. Ning, uga ana rasa getun jalaran aku ora sakelas karo maneh kanca-kanca akrabku. Aku banjur lungguh neng bangku larik nomer telu saka ngarep.

Kurang luwih wis telung dina aku neng kelas NII bareng kanca- kanca anyarku lan uga wis rumangsa seneng lan cocok karo kelas iki. Dina Seneniku, ora biyasane Bapak Kepala Sekolah mlebu kelasku.

“Murid-murid kabeh, saiki kowe bakal padha entuk kanca anyar. Iki Ana murid anyar pindahan seka Jawa Barat.” Ngendikane bapak Kepala Sekolah. Bapak Kepala Sekolah banjur ngawe bocah kang ana neng njaba kelas. Ora letsuweana cah wadon ayu rambute dawa lurus lan awakke kang, lencir mlebu kelasku banjur ngadeg neng jejere Bapak Kepala Sekolah,

“Sugeng enjing rencang-rencang sedaya, nami kula Mayang Novita Putri, saged dipun celuk Mayang kemawon. Kula pindhahan saking Jawa Barat, nanging saged basa Jawi. Mugi-mugi kanca-kanca remen kekancan kaliyan kula.”

Bocah wadon iku banjur lungguh neng sisih tengenku. Aku meh wae orang kedhep nyawang praupane kang ayu banget. Bel ngaso muni, nanging aku ora metu saka kelas. Saka rumangsaku ana uwong kang mara nyedhak sandhingku. Lamat-lamat keprungu suwara uwong nyebut jeneng.

“Mayang.” Celathu menyang Mayang nganggo basa kang alus banget sinambi ngulungake tangan arep kenalan, “Wulan.” Wangsulanku karo mbales nyekel tangane Mayang.

“Yang, kowe pindahan saka Jawa Barat nanging kowe kok bisa lanyah banget ngomong nganggo basa Jawa?” “Hahaha..... lah iya ta, wong aku lair neng Jogja. Sanajan kerep pindhah-pindhah omah amarga bapakku kerep ditugaske neng luar kota, aku tetep wae migunakake basa Jawa. Saiki Bapakku malah neng Singapura, dadi aku ndherek simbah. Simbahku asring ngendikani aku supaya ora ngglalekake kabudayan Jawa,” wangsulane Mayang grapyak.