Kaca:Kidung Megatruh.pdf/9

Kaca iki durung katitiwaca

guluku rasane wis garing. Banjur aku pesen wedang jahe kanggo nelesi guluku.

“Pak, daerah mriki wonten kos-kosan mboten nggih?” pitakonku marang bakul angkringan. “O, kebeneran, le. Bapak nduwe kos-kosan ora adoh seka kene.”

Ora let suwe, dina iku uga Aku lan Andi niliki kos-kosane Pak Budi. Kebeneran papane kepenak lan regane murah. Andi sarujuk banget, Lakune wektu rasane cepet banget, ora krasa wis sesasi aku manggon neng kos-kosane Pak Budi. Saya suwe aku lan Andi saya akrab pasedulurane. Kanca-kancaku saya akeh amarga neng sekolahan aku aktif melu organisasi.

Kaya adat saben, budalan sekolah dalan ngarep kos rame banget, montor padha wira-wiri ngetan-ngulon. Setu iki, budal sekolah aku langsung bali nanging ora kaya adate Andi ora bali bareng aku. Dheweke pamit yen arep nge-ben karo kancane. Tekan kos swasanane sepi banget kaya kuburan. Aku ngisis neng ngarep kos sinambi nylonjorake sikil lan mepetake sirah ning tembok.

Ora kaya biyasane Andi anggone nge-ben suwe banget ora luwih seka rong jam. Nanging wis limang jam Andi ora bali-bali. Aku kuwatir Andi kena alangan neng ndalan. Ora nglegewa ana mobil mandheg neng ngarep kos. Aku seneng sawise weruh Andi mlebu neng kamar. Aku mung nyawang seka kamar, amarga dheweke langsung nutup lawang kamare. Awakku penasaran banget pengin ngerti Andi seka ngendi wae kok suwe banget, trus sing ngeterake bali sapa, agek pisan iki aku ndeleng kancane Andi sing neng njero mobil. Tak enteni nganti mbulane njedul, Andi ora metu-metu seka kamar,

Aku nyoba takon marang Andi, “Ndi, wingi seka ngendi wae kok jam enem lagi bali.” Andi mung mesem. Sawise tekan sekolah aku lan Andi mlebu kelase dhewe-dhewe. Neng njero kelas ketoke kanca sak bangkuku wis ngenteni tekaku, ora sabar ngenteni aku mlaku Doni banjur ngundang aku.

“Ron kene aku nduwe crita marang kowe,” Doni crita yen wingi awan dheweke ora sengaja weruh Andi karo kanca-kancane nongkrong sinambi udud neng ngarep omah suwung cedhak omahe. Aku kaget banget ngrungokake warta kuwi, amarga aku ora nyana yen Andi bakal kaya ngono. Aku coba mbela Andi,

“Koweora salah ndeleng pa, Don?” “Yakin Ron, aku nduwe fotone.” Sawise ndeleng foto mau, aku ora iso