Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/36

Kaca iki wis dikorèksi

Andi Tristianto

Taun Kembar

Donya katon sangsaya tuwa
Tetangis tekaning lara
Ewon siksa ugi memala
Memala pinuju pralaya

Tahun kembar kang nggegirisi
Polah obah tan nrapsilani
Panggedhe winasis sarwa ngapusi
Ngeterake tumuju bubrahing nagari suci

Wong cilik samya kentekan tangis
Sesambat ajur sangsaya mengkis
Susah menggalih diiris iris
Pasrah kahanan kang saya lamis

Apa pancen bebakaning kiamat
Pambela sungkawa bebrayaning masarakat
Kabagyan sarwa dibabat
Nagari kojur sangsaya mlarat

Antologi Geguritan, Esai, Cerkak Bulan Bahasa dan Sastra

23