Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/49

Kaca iki wis dikorèksi

Pramesti Mutiara Agni Pamari

Tresna Tanpa Rupa

Abot sanggane lelabuhanmu
Nanging kabeh kuwi ora dadi rasa
Sliramu lila legawa
Ngalah lan nrima

Senajan aku durung tau
Nyawang endahing netramu
Keprungu alusing swaramu

Nanging aku percaya
Tulusing tresnamu marang awakku
Ora ilang,tumeka pupusing mangsa
Kayadene kumala sasmita
Abadhi sajroning jiwa

Senajan aku durung bisa
Ngrasakke sih katresnanmu
Nyawang esem lan guyumu
Nanging tresnaku tulus marang sliramu

Ibu
Mangestonana gegayuhanku
Gegayuhanku gawe bombong sliramu

Ing wayah wengi kang sepi
Taktitipke donga marang gusti

36

KRAKITHA KALAH WEGIG