Kaca:Kridha Basa 1.pdf/11

Kaca iki wis divalidasi

B. Tulisen nganggo aksara latin!

  1. ꧋ꦲꦚ꧀ꦗꦗꦃꦢꦺꦱꦩꦶꦭꦁꦏꦺꦴꦫꦶ꧉
  2. ꧋ꦲꦩ꧀ꦧꦼꦣꦃꦥꦿꦗꦲꦩ꧀ꦧꦺꦴꦪꦺꦴꦁꦲꦸꦥꦼꦠꦶ꧉
  3. ꧋ꦲꦁꦒꦒꦭꦏ꧀ꦫꦕꦏ꧀​ꦤꦤꦔꦶꦏꦽꦩꦶ꧉
  4. ꧋ꦲꦤ꧀ꦝꦺꦴꦣꦺꦴꦏ꧀ꦲꦕꦸꦁꦲꦕꦸꦁ꧉


V. Tuladha:

Minangka ganjaran tumrap gedhéning lelabuhané Letnan Kolonel Slamet Riyadi, Negara awèh ganjaran arupa Bintang Sakti.
(ngoko lugu)

Minangka ganjaran tumrap gedhéning lelabuhané Letnan Kolonel Slamet Riyadi, Negara paring ganjaran arupa Bintang Sakti.
(ngoko andhap/ngoko alus)

Ukara-ukara ngoko lugu ing ngisor iki owahana dadi ngoko andhap kaya tuladha ing dhuwur!

  1. Badrus diwenehi tinggalan embahé, omah sapomahané.
  2. Pak Lurah uga dakundang, nanging ora bisa teka amarga mbeneri konfènsi.
  3. Sing madhep ngalor cèté wungu kaé omahé Pak Wita.
  4. Aku ditakoni Bulik, apa aku weruh montor-montorané Dhik Sigit.

6