Kaca iki wis divalidasi
IV. Tulisen nganggo aksara Jawa!
Mungguh dunungé wadhuk kuwi ana ing tlatah Wanagiri. Ambané ora mekakat, nyakup padésan ing pirang-pirang kecamatan. Wadhuk kuwi jenengé Wadhuk Gajahmungkur, kapirit saka jenengé gunung sing dadi tuké Bengawan Sala.
V. Pacelathon iki apalna, banjur tindakna ana ing ngarep klas karo kanca-kancamu!
Amin | : | Pak, bénjing menapa saèstu dhateng Wanagiri? |
Bapak | : | O, karepmu nonton Wadhuk Gajahmungkur kuwi, ta? |
Amin | : | Inggih, Pak. Kabaripun ing Wadhuk Gajahmungkur ngrika sesawanganipun saé sanget. |
Ibu | : | Sapa sing kandha, Lik? |
Amin | : | Ingkang ngendika Pak Guru, Bu. |
Ibu | : | Apa pak gurumu wis tau tindak rana? |
Amin | : | Boten namung sampun naté. |
Bapak | : | Lho, piyé kok boten namung sampun naté. Karepmu pak gurumu wis kerep banget tindak rana. Ngono apa piyé? |
Amin | : | Inggih, Pak. Tiyang pak guru kula menika aslinipun pancèn Wanagiri. |
Bapak | : | O, sing kokarepaké ki Pak Warno, pak gurumu sejarah kaé ta? |
Amin | : | Inggih, Pak. Pak Warno menika aslinipun Wanagiri. Malah ngendikanipun, dhusunipun Pak Warno piyambak ugi katut keleb dipun damel wadhuk. Bapak ibu tuwin adhik-adhikipun Pak Warno lajeng tumut transmigrasi bedhol dhusun dhateng Sitiyung. |
Ibu | : | Lha pak gurumu kok ora ndhèrèk transmigrasi bapak ibuné? |
Amin | : | Ngendikanipun Pak Guru, kala semanten Pak Gun ngleresi sinau wonten ing IKIP Sala. Sejatosipun sarampungipun sekolah, Pak Guru badhé nusul rama ibunipun dhateng Sitiyung, Sumatra. |
Bapak | : | Lha kok ora sida nusul généya? |
Ibu | : | Lha iya, généya ora sida nusul? |
28