Kaca:Kridha Basa 1.pdf/47

Kaca iki wis divalidasi
  1. Tegalé Duryat ditanduri semangka.
  2. Tegalé Parmun ditanduri timun.
  3. Wisnu arep nonton bal-balan.
  4. Aku dikon ngampiri Wisnu.


B. Ceceg-ceceg ing ngisor iki isènana tembung panggandhèng sing cocog, sing cumawis ing sisih tengen!

  1. Kebomu gawanen mulih baé, ... gudèlé susulna réné.
  2. Andri adus ... dandan.
  3. Gathot sida boyong menyang Sulawesi, ... omah lan pekarangané wis didoli kabèh.
  4. Aku wis ngerti surasané layangmu, ... bab panjalukmu aku durung bisa ngirimaké saiki.
  5. Sing didakwa njupuk bukuné aku, ... aku weruh baé ora.
  6. Bijiku wis apik, ... isih kalah apik karo bijiné Harmini.
  7. ... aku dhéwé lagi butuh dhuwit, aku ora bisa nulungi.
  8. ... kowé gelem ngampiri, aku gelem mèlu.
  9. ... kowé ora bisa teka, kowé kandhaa saiki.
  10. ... aku dudu niyaga, yèn mung dikon ngegong baé aku saguh.


a. apa manèh
b. lan
c. anadéné
d. déné
e. utawa
f. banjur
g. mangka
h. ambakna
i. yèn
j. éwadéné
k. sarèhné
l. anggeré

m. nalika


IV. Wong nganggit-anggit kuwi pendhapuking basané ana sing gancaran, ana sing ngango kacancang ing pathokan. Sing kacancang ing pathokan upamané awujud tembang Macapat, kaya pethikan ing dhuwur.

Mara, pethikan kang kadhapuk ing tembang Macapat ing dhuwur kuwi pendhapuking basané owahana dadi gancaran, kanthi ora ngowahi surasaning crita. Upamané wiwitana ngéné:

42