Kaca iki wis divalidasi
B. Wangsulana kang patitis!
- Désa Padhas lemahé kepriyé?
- Racaké panguripané wong-wong wargané désa Padhas kuwi kepriye?
- Généya lakuné pembangunan ing desa Padhas sendhet?
- Apa ancase bapak-bapak ABRI padha teka ing desa Padhas?
- Ing wayah awan bapak-bapak ABRI padha tumandang apa?
- Wayah bengi bapak-bapak ABRI padha tumandang apa?
- Kepriye kaanane desa Padhas sapungkure bapak-bapak ABRI?
II. Tuladha:
Désa mawa cara, negara mawa tata.
Unèn-unền kuwi jenengé paribasan. Paribasan mono unèn-unèn gumathok, ora kena diowahi, ora kena dikramakake.
Desa mawa cara negara mawa tata, tegesé saben panggonan duwe adat utawa tata cara dhéwé-dhéwé. Upamané baé bab sumbang-
sinumbang. Sawenèhing panggonan, yèn ana wong duwé gawé, sing
nyumbang ibu. Nanging ing panggonan liya, yèn ana wong duwé gawé, Bapak lan Ibu padha nyumbang dhéwé-dhéwé.
A. Paribasan-paribasan iki terangna tegesé!
- Rukun agawé santosa, crah agawé bubrah.
- Adigang adigung adiguna.
- Becik ketitik ala ketara.
- Ciri wanci lelai ginawa mati.
- Kebat kliwat, gancang pincang.
- Sepi ing pamrih ramé ing gawé.
- Jer basuki mawa béya.
- Rawé-rawé rantas, malang-malang putung.
- Dipalangana mlumpat, ditalènana medhot.
- Tinggal glanggang colong playu.
65