Kaca:Kridha Basa 2.pdf/13

Kaca iki wis divalidasi
Wulangan ka-2

I. A. Wacanen batin!

Tlaga Sarangan

Ing èrèng-èrènge Gunung Lawu iring kidul wétan ana tlaga, jenenge Tlaga. Sarangan. Yen diétung saka lumahing segara, papan dununge Tlaga Sarangan kuwi kegolong dhuwur, watara 1.300 meter. Saka Mediyun, dohé Tlaga Sarangan watara 41 kilometer. Yèn arep menyang Tlaga Sarangan, yèn numpak bis mung bisa tekan Désa Ngerong. Jalaran, saka Ngerong kono dalané wiwit ndeder. Saka Ngerong kepeksa disambung laku dharat, nunggang jaran, utawa numpak montor cilik.

Yèn trima mandheg ana ing Ngerong, ing kono ana papan kanggo seneng-seneng, wujude blumbang kanggo langèn, jenengé "Taman Tirta". Saben dina, luwih-luwih ing dina

8