Kaca:Kridha Basa 2.pdf/21

Kaca iki wis divalidasi

C. Wacanen kang patitis, tembung sing cap-capané kandel kedalna sing trep!

  1. Juru ngarang ing layang kabar jenengé jurnalis.
  2. Kawruh sing gegayutan karo pakaryané juru ngarang jenengé jurnalistik.
  3. Kaum dagang lan sapa baé sing masang adpertensi, iklan, utawa pariwara ing layang kabar kudu mbayar ragad.
  4. Sing niti lan nata karangan ing layang kabar jenengé redhaktur.
  5. Yèn maos layang kabar, Bapak remenané maos rubrik kabar saka manca negara, Ibu remenané maos rubrik panggulawenthah, aku lan adhiku seneng maca rubrik olahraga.

II. A. Ceceg-ceceg ing ngisor iki isènana tembung sing cocog, sing cumawis ing ngisor!

  1. Nyai Madurasa winisudha dadi lurahé para . . . . déné Ki Citratanaya dadi lelurahé para juru taman.
  2. Wong sing pinatah ngreksa pakuburan utawa papan sing kramat jenengé . . . .
  3. Ora ana . . . sing gelem nyabrangaké Kleting Kuning jalaran Kleting Kuning ambuné blarongan.
  4. Layang kabar kuwi kongkonan . . . ndhèrèkaké tindaké Bapak Presiden menyang manca negara.
  5. . . . klurahan jenengé Sèkretaris Désa.
  6. Bapak lan Ibu kuwi pindhané nakodha lan . . . .
  7. Aturé . . . . sing bisa nyirep pageblug kuwi randha, katelah parab Mbok Randha Girah.
  8. Wong sing nglantaraké gunemané wong loro sing padha déné ora ngerti basané jenengé . . . .
  1. juru basa
  2. juru dang
  3. juru tambang
  4. juru nujum

  1. juru mudhiné
  2. juru tulis
  3. juru kunci
  4. juru ngarangé