Kaca:Kridha Basa 2.pdf/28

Kaca iki wis divalidasi

dursilanipun PKI. punika ugi boten wonten keparengipun Gusti Ingkang Murbèng Dumadi. Sakathah-kathahipun ingkang sami ngrojongi tindak dursilanipun PKI, pranyata taksih langkung kathah ingkang ngrungkebi adeging dhasaripun negari inggih punika Pancasila.

 Boten gantalan dinten, ing tanggal 1 Oktober wanci sonten, pambalélanipun PKI kanthi grombolanipun ingkang lajeng kawastanan Gerakan 30 Sèptèmber/PKI utawi kacekak G 30 S/ PKI sampun saged katumpes. Saking satunggal, gembongipun G 30 S/PKI saged karingkus. Negari Indonesia saking sakedhik wangsul pulih tentrem, Pancasila lestari langgeng dados dhasaring negari. Minangka pènget, tanggal 1 Oktober lajeng winisudha dados dinten ageng, kawastanan hari Kesaktian Pancasila.

B. Wangsulana kang patitis!

  1. Pancasila kuwi dadi dhasaring negara. Apa tegesé?
  2. Kejaba dadi dhasaring negara, Pancasila uga dadi paugeraning uripé bangsa Indonésia. Apa tegesé?
  3. Apa maksudé PKI brontak dhèk taun 1948?
  4. Sapa sing dadi dhalangé pemberontakan G 30 S?
  5. Généya tanggal 1 Oktober ditetepaké dadi hari Kesaktian Pancasila?

C. Ukara-ukara ing ngisor iki wacanen sing patitis, cekakaning tembung sing cap-capané kandel kedalna sing trep!

  1. Gerakan tanggal 30 Sèptèmber kuwi sing ndhalangi PKI. mula banjur diarani G 30 S/PKI.
  2. Kuliah UT kala-kala digiyaraké liwat TVRI.
  3. KUD nyepaki para among tani rabuk, bibit, lan kebutuhané para among tani liyané.
  4. Yèn butuh pawitan kanggo bakulan golèka utangan menyang BRI.
  5. AMD kuwi cekakané tembung ABRI Masuk Desa.

23