Kaca:Kridha Basa 2.pdf/29

Kaca iki wis divalidasi

II. Tuladha:

Dhemen tulung-tinulung kuwi watake bangsa Indonesia.

A. Ceceg-ceceg ing ngisor iki isènana tembung sing cocog, sing cumawis ing ngisor!

  1. Sing... karo kanca sanak sedulur lan tangga teparo.
  2. Srawung karo kanca kudu gelem ..., ora kena mburu menangé dhéwé
  3. Srawung karo sapa baé kudu ... siji lan sijiné ora kena padha ngrèmèhaké liyan.
  4. Yèn ana gèsèhing penemu kudu dirampungaké kanthi...
  5. .... marang Gusti Allah tegesé nindakaké sakabèhing dhawuhing Allah lan nyingkiri pepacuhing Allah.
a. takwa

b. rukun
c. musyawarah
d. mong-kinemong

e. ajèn-ingajènan

B. Tembung-tembung ing ngisor iki gawénen ukara sing luwes!

  1. tepa slira
  2. gotong royong
  3. atut runtut.
  4. sih-sihan
  5. manjing ajur ajèr

III. Tuladha:

  1. Dhèk taun 1948 PKI brontak lan dhèk taun 1965 PKI brontak manèh.
  2. Tanggal 1 Oktober hari Kesaktian Pancasila, tanggal 5 Oktober hari Angkatan Bersenjata Republik Indonesia.

Ukara kapisan jenengé ukara camboran (mawa tembung panggandhèng). Ukara kapindho jenengé ukara camboran (tanpa tembung panggandhèng).

24