Kaca:Kridha Basa 2.pdf/30

Kaca iki wis divalidasi

A. Ukara-ukara-camboran tanpa tembung panggandhèng ing ngisor iki wacanen kang patitis, banjur gawéa tuladha liyané lima baé!

  1. Bèbèké Dira selawé, bèbèkku satus.
  2. Tegalé Duryat ditanduri semangka, tegalé Parmun ditanduri timun.
  3. Wisnu arep nonton bal-balan, aku dikon ngampiri.
  4. Ibu mundhut rambutan, arep kanggo olèh-olèh.
  5. Nining lara, aku nggolèkaké tamba.

B. Ceceg-ceceg ing ngisor iki isènana tembung panggandhèng sing cocog!

  1. Aku diulemi ... ora nganggo layang.
  2. Tanduré dirabuk ... dilebi.
  3. Andri adus ... dandan.
  4. Dhèk wingi Tarmana dipundhutaké Embah tas ... saiki dipundhutaké sepatu.
  5. Gathot ndhisiki mulih, ... pit lan buku-bukuné ditinggal dikon nggawa aku.
  6. Pitik baé ora doyan, ... aku, uwong.
  7. Gunung Semèru kuwi dhuwur, ... isih kalah dhuwur karo Gunung Kinibalu.
  8. Aku dikon methuk Bawa nèng Jakarta, ... pojok pèrèngé Jakarta baé aku durung weruh.
  1. mangka
  2. éwadéné
  3. apamanèh
  4. déné

  1. nanging
  2. sarta
  3. banjur
  4. lan

V. Wacanen banjur turunen!

  1. ꧋ꦧꦺꦴꦁꦱꦆꦤ꧀ꦝꦺꦴꦤꦺꦱꦶꦪꦃ꧉

25