Kaca:Kridha Basa 2.pdf/32

Kaca iki wis divalidasi

V. Ukara-ukara iki rampungna!

  1. Rawé-rawé rantas,.......
  2. Sepi ing pamrih,.....
  3. Jer basuki ..........
  4. Sabaya mati,..........
  5. Rukun agawé santosa,....
  6. Becik ketitik,....
  7. Nglurug tanpa bala, ............
  8. Sadumuk bathuk, ............
  9. Sura dira jayaning rat..........
  10. Dèn asih..........

VI. Tuladha:

Kinanthi
(guru lagu lan guru wilangané: 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i)
Nadyan asor wijilipun,
yen kalakuwané becik,
utawa sugih carita
carita kang dadi misil,
iku pantes parekana, porte
kurohibe disa karoge
darapon mundhak kang budi

(Wulangrèh, Paku Buwana IV)

Garapan

  1. Tembang Kinanthi sapada ing dhuwur kuwi tembangna bebarengan!
  2. Gawéa tembang Kinanthi sapada baé, isiné ngandharaké manawa Pancasila kuwi dadi dhasaring negara Republik Indonesia, dadi jiwa sarta dadi watak/kapribadèné bangsa Indonesia.



27