Kaca:Kridha Basa 2.pdf/34

Kaca iki wis divalidasi


Bima : Inggih. Paklik.

Ngéné. Dhik. Sing dakkarepaké padha baé kuwi bab senengé. Lha sing dakkarepaké ana bédané kuwi bab kaanané Sumatra karo kaanané tanah Jawa kéné. Dakcritani ya. Tanah Jawa kéné iki wongé wis jejel riyel. papané wis sumpeg, lemah garapané pak tani. ciyut-civut. Béda karo Sumatra. Sumatra kuwi pendhudhuké rata-rata isih arang, papan ing kana isih jembar. lemah garapané bapak- bapak tani amba-amba.

Murni : Cocog. Mas, kuwi, karo critané pak guruku. Pak guruku IPS ya ngendika ngono.
Murdanu : Biyèn piyé ta. Mas, kok Pakdhé. Budhé, lan Mas Bima boyong menyang Sumatra kuwi?
Bima : Yèn bab kuwi Paklik mesthi luwih priksa. Kados pundi Paklik, critanipun?
Bapak : Ngéné. Jan-jané budhalé bapakmu kuwi rak kepeksa, ning ya pancèn kebeneran.
Murdanu : Kepeksa ning malah kleresan punika kados pundi ta, Pak.
Murni : Mas Danu ki mesthi nyela-nyela lho.
Murdanu : Selak kepéngin ngerti kok.
Bapak : Lha rak padha grejegan dhéwé.

Kebenerané ngéné. Wis suwé Pamaréntah rak kagungan ada-ada nganakaké transmigrasi, yaiku mboyongi kulawarga saka tanah Jawa menyang pulo-pulo liya saliyané Pulo Bali.

Murdanu : Dhateng Pulo Bali kok boten, kénging punapa Pak?
Murni : Lha, rak nyela-nyela manèh.
Bapak : Sebab Pulo Bali pendhudhuké uga wis jejel riyel. Malah uga perlu diboyongi menyang liya pulo.

Dadi, kebenerané, boyongé pakdhému budhému kuwi ngleksanani programé Pamaréntah. Kowé rak ngerti ta ancasé program transmigrasi kuwi?

29