Kaca:Kridha Basa 2.pdf/35

Kaca iki wis divalidasi


Murdanu : Menawi boten klèntu kanggé ngradinaken tenaga kerja, Pak.
Bapak : Bener. Déné anané tenaga kerja kuwi kudu diratakaké supaya lakuné pembangunan nasional ing pulo siji lan sijiné ora pincang, sing tundoné idham-idhamané bangsa Indonesia nggayuh masyarakat sing adil lan makmur adhedhasar Pancasila UUD 1945, tumuli kaleksanan.
Murni : Kala wau Bapak kok ngendika bilih tindakipun Budhé Pakdhé punika kepeksa punika kados pundi, Pak?
Bapak : Pakdhému budhému kuwi jan-jané rak ora niyat arep boyong transmigrasi. Sabab, pakdhému ana kéné ngasta guru, budhému ngasta bidhan, lan sawah tegal uga kagungan. Nanging, sarèhné dalemé pakdhému, sekolahan panggonané ngasta, lan Puskesmas panggonané budhému dhines, lan uga sawah tegalé pakdhému budhému ketrajang proyek Wadhuk Gajahmungkur, pakdhému kepeksa budhal transmigrasi.
Murni : Punapa transmigrasi bedhol désa ngaten punika, Pak?
Bapak : Lha déné, kuwi Murni malah ngerti.
Murni : Kula sampun dipun ngendikani Pak Guru bab transmigrasi bedhol désa punika kok, Pak. Nanging, kula boten mangertos bilih pakdhé kula piyambak kalebet.
Bapak : Lha iya, wong Bapak ya ora tau crita.
Bima : Nanging, pancèn leres ngendikanipun Paklik kala wau. Bidhalipun Bapak-ibu punika kepeksa nanging dadosipun malah kleresan. Setunggal taun kalih taun wonten ngrika Bapak-ibu pancèn kedah purun rekaos. Mekaten ugi para transmigran sanèsipun. Nanging, dangu-dangu inggih lajeng mapan, lan saya dangu pengajeng-ajeng sageda gesang ingkang

30