Kaca:Kridha Basa 2.pdf/36

Kaca iki wis divalidasi


langkung sekeca lan langkung mulya tumrap para putra wayah ing tembé wingking, sanès pangajeng-ajeng ingkang ngayawara.
Murdanu : Yèn ngono bener ya. Mas, pènget sing kapacak ana ing layar TV kaé.
Bima : Sing endi ta?
Murdanu : Kaé lho, sing uniné ngéné:

Transmigrasi: perjuangan hari ini untuk kebahagiaan anak cucu.
Transmigrasi: meningkatkan taraf kehidupan masyarakat.

Bapak : Kuwi bener banget. Nanging, kabèh mau kudu dikanthèni wekel nyambut gawé, tlatèn, disiplin, lan jujur.


B. Wangsulana kang patitis!

  1. Généya Pamaréntah perlu nganakaké ada-ada transmigrasi?
  2. Apa ancasé ada-ada transmigrasi kuwi?
  3. Ing negarané dhéwé kéné iki transmigrasi kuwi mboyongi penduduk saka pulo ngendi menyang pulo ngendi?
  4. Ada-ada transmigrasi klakon bisa nggayuh idham-idhamané Pamaréntah lan rakyat Indonesia yèn para transmigran padha gelem kepriyé?
  5. Terangna tegesé unen-unen: Transmigrasi perjuangan hari ini untuk kebahagiaan anak cucu.

C. Wacanen kang patitis!

  1. Muga-muga ana ing papan anyar mengko uripmu saya kepénak!
  2. Muga-muga taun iki ora puso manèh!
  3. Muga-muga Badri ora salah tampa!
  4. Muga-muga sepuré uga telat!
  5. Muga-muga wong tuwané sarujuk!

31