Kaca:Kridha Basa 2.pdf/37

Kaca iki wis divalidasi


II: A. Ceceg-ceceg ing ngisor iki isènana nganggo tembung sing cumawis ing ngisor!

  1. Lurah sarakyaté padha budhal ....
  2. Kangmas biyèn boyongé menyang Sumatra ora katut rombongan transmigrasi umum, nanging klebu éwoné .... utawa ....
  3. Kumpulan arisan kuwi diowahi dadi ... jalaran para wargané kepéngin kumpulan mau diayomi ing undhang-undhang.
  4. Racaké lemah ing papan transmigrasi isih ...
  1. loh
  2. transmigrasi bedhol désa
  3. transmigrasi spontan
  4. transmigrasi swakarsa
  5. koprasi

B. Tembung-tembung ing ngisor iki gawénen ukara sing luwes!

  1. cengkar
  2. jejel riyel
  3. bawéra
  4. urip prasaja
  5. gemi

  1. adil lan makmur
  2. urip mulya
  3. kecingkrangan
  4. mubra-mubru
  5. ayem tentrem

III. Tuladha:

  1. Sing dakkarepaké padha baé kuwi bab senengé.
    dakkarepaké: dak + karep + aké
  2. Dakcritani ya!
    dakcritani: dak + crita + (an) + i

Ater-ater dak kuwi jenengé ater-ater utama purusa. Ater-ater purusa ana telu. Ater-ater purusa kapisan dak, jenengé ater-ater utama purusa. Ater-ater purusa kapindho ko, jenengé ater-ater

32