Kaca:Kridha Basa 2.pdf/39

Kaca iki wis divalidasi

V. Tuladha:

  1. Bapak Mentri Transmigrasi maringaken hadhiyah lembu sarakit dhateng kulawarga transmigran teladhan. (basa krama alus)
  2. Bapak Mentri Transmigrasi maringaké hadhiyah sapi sarakit

marang kulawarga transmigran teladhan. (basa ngoko alus)

Gawéa ukara basa krama alus nganggo tembung-tembung ing ngisor iki, banjur owahana dadi ngoko alus!

  1. midhangetaken
  2. ngendikakaken
  3. ndhawuhaken
  4. mundhutaken
  5. ndhèrèkaken
  6. ngaturaken
  7. nyaosaken
  8. nglenggahaken
  9. ngonduraken
  10. maosaken

VI. Gawéa karangan adhapur guritan (puisi gagrak anyar) sing isiné njlèntrehaké bab transmigrasi. Sing wigati, sing kudu klebu aña ing puisimu kuwi sesanti manawa transmigrasi kuwi munpangaté bisa ngundhakaké panguripané rakyat, lan ora mung dirasakaké dhéwé nanging uga bakal dirasakaké déning anak putu ing tembé buri.

34