Kaca:Kridha Basa 2.pdf/42

Kaca iki wis divalidasi

  Yo ha é yo ha é Singabarong dadi telukan.
  yo ha é yo ha é negarané wis dadi aman.

  Iku sejarahé crita réyog ing Panaraga,
  nggambarké menangé Sang Prabu Klana Séwandana;
  dicipta wis dadya seni réyog Panaraga.
  sigrak lan gembira nandhakaké menang yuda.

  Yo ha'é yo ha é réyog ider sansaya ramé.
  yo ha'é yo ha é sarwa ireng sandhanganě.

B. Wangsulana kang patitis!

  1. Kapan wiwit anané réyog ing Panaraga?
  2. Tumrap wong-wong Panaraga, kagunan réyog kuwi mbalung sungsum banget. Apa tegesé?
  3. Kapan lumrahé ing Panaraga ana pagelaran kagunan réyog?
  4. Kagunan réyog kuwi tabuhané arupa apa baé?
  5. Manut crita, kagunan réyog kuwi nggelar perangé sapa-karo sapa? Sapa sing menang?

C. Wacanen kang patitis, tembung sing cap-capané kandel
  kedalna sing trep!

  1. Singabarong sabalané teluk marang Prabu Klana Séwandana.
  2. Kagunan réyog kuwi nyritakaké perangé Prabu Klana Séwandana raja mudha ing Bantarangin. Panaraga, mungsuh Singabarong abdi Kedhiri sing njaga alas roban.
  3. Sang Prabu Klana ngerigaké para warok ing Panaraga.
  4. Tetindhihé para warok kuwi patih ing Bantarangin peparab Kyai Patih Pujangganom
  5. Singabarong ora kuwawa nadhahi pusakané Prabu Klana Séwandana. pecut Kyai Samandiman.

11. Ceceg-ceceg ing ngisor iki isènana tembung sing cocog, sing
  cumawis ing ngisor!

  1. Kiraping pangantèn binarung ing ungeling.... Ketawang Ibu Pertiwi.

37