Kaca:Kridha Basa 2.pdf/46

Kaca iki wis divalidasi

Kadwinipun Ranukarya namanipun,
sedheng dedegira,
pawakané sarwa cilik,
sarwa kenceng Ranukarya kuwat rosa.

Pancèn bagus Ranukarya dhasar besus,
ngglenyèh doyan nginang,
cacadé amung sethithik,
irung pèsèk gawan wiwit cilik mula.

..................................

(Srikandhi Maguru Manah, R. Ng. Sindusastra)

  1. Pethikan ing dhuwur kuwi tembangna bebarengan!
  2. Gawéa karangan adhapur tembang Pocung rong pada baé, bab réyog Panaraga!

41