Kaca:Kridha Basa 2.pdf/47

Kaca iki wis divalidasi
Wulangan ka-7

I. A. Wacanen kang patitis!

Listrik


Indri : Klakon saiki, Dhik!
Basuki : Klakon.apa, Mbak?
Indri : Saiki klakon, yèn bengi désané dhéwé padhang
kencar-kencar kaya kutha.
Basuki : Apa listrike wis sida murůb, Mbak?
Indri : Ngendikané Bapak seminggu engkas.
Basuki : Mengko yèn awaké dhéwé sinau, padhang njing
glang, ora kaya saiki ya, Mbak.

42