Kaca:Kridha Basa 2.pdf/48

Kaca iki wis divalidasi


Indri : Hee, Dhik. Tur gawéanmu suda. Mengko saben soré kowé wis ora perlu ngresiki lan nyumed lampu.
Basuki : Tur bekakas-bekakas liyané uga ora gampang reged ya, Mbak.
Indri : Hee, Dhik. Wong ora ana langes.
Basuki : Mengko Bapak yèn rondha uga ora perlu ngasta batrèi ya, Mbak, wong ngendi-endi wis padhang njingglang kaya rina.

Kajaba kuwi mesthiné maling barang ya rada ringga. Ngendi-endi padhang, lagi mindhik-mindhik wis konangan uwong.

Indri : Mula kuwi, mesthiné desané dhéwé kéné dadi tambah tentrem.
Basuki : Mbak, Mbak, Ibu sida mundhut TV ora, Mbak. Biyen Ibu dakaturi mundhut durung kersa. Ibu semaya, ngenteni yèn listrike wis murub. Ngendikané Ibu yén nganggo accu boros.
Indri : Sida kok, Dhik. Aku wingi krungu, Ibu rasanan karo Bapak, yèn minggu iki Ibu arep mundhut TV. Ibu arep mundhut dhuwité Ibu sing disimpen ana ing Simpedès.
Basuki : Seneng ya, Mbak, yèn listriké wis murub.
Indri : Pancèn, Dhik. Listrik mono pancen gedhé banget paédahé. Coba pikiren! Tumrap bocah sekolah yèn sinau bisa padhang. Dadi, ora nyiksa mripat tur ora gampang ngantuk.

Bab keamanan utawa katentreman, désa uga dadi mundhak aman. Hiburan sing lumantar radhio utawa télévisi sawayah-wayah bisa disetèl, ora kuwatir kentèkan setrum. Sarèhné rina wengi padhang, indhustri rumah tangga rina wengi bisa mlaku terus. Mangka, lengganan listrik kuwi mbayaré murah.


B. Wangsulana kang patitis!

  1. Généya Ibu anggoné mundhut TV ngentèni yèn listriké wis murub?

43