Kaca:Kridha Basa 2.pdf/49

Kaca iki wis divalidasi
  1. Yen listriké wis murub, gawéané Basuki suda. Apa sababé?
  2. Apa munpangaté listrik tumrap bocah sekolah?
  3. Apa munpangaté listrik tumrap katentremaning kampung?
  4. Apa munpangaté listrik tumrap indhustri rumah tangga?

C. Wacanen kang patitis, tembung sing cap-capané kandel kedalna sing trep!

  1. a. Yèn lampuné padhang, aku ora gampang ngantuk.
    b. Aku ngantu-antu tekané adhiku, nanging sing teka mung layangé.
  2. a. Darwis nganggo sarung banjur mangkat salat Jumat.
    b. Aja kulina omong saru!
  3. a. Kethoprak kuwi mula bukané gamelané lesung, mula jenengé kethoprak lesung.
    b. Kowé kok lesu, kesel apa lara?
  4. a. Bibi tuku ragi kanggo ngragèni témpé.
    b. Anaké sing ragil wis nyambut gawé.
  5. a. Yen dituturi kuwi aja ditampa walaka, becik disaring,
     sing apik dienggo, sing ala dibuwang.
    b. Critaku mau saringen, golekana sariné.

II. Tuladha:

 Yèn arep nyenyuwun tangguhen yèn wong tuwamu pinuju padhang langité.

Padhang langité kuwi tembung éntar, tegesé seneng atiné.

 A. Tembung-tembung entar ing ngisor iki terangna tegese, kaya
  tuladha ing dhuwur!

  1. Ngati-ati tetanggan karo Godril, dhèwèké kuwi dawa tangané.
  2. Wa Drana kaé jembar segarané.
  3. Sasabar-sabaré uwong, yèn krungu omonganmu kuwi mesthi nesu, wong omonganmu kuwi pancen ngabangaké kuping tenan.
  4. Samsul kaé pancèn lunyu ilaté, rembugé ora kena diugemi.

44