Kaca:Kridha Basa 2.pdf/50

Kaca iki wis divalidasi
  1. Olehé nyambut gawé diréwangi adus kringet, betèké arep muktèkaké kulawarga.
  2. Omongan mono becik diarah, aja nganti gawé pinggeting ati.
  3. Gawé pawuhan mono kudu milih papan sing kiwa.
  4. Olehmu ngampiraké kuwi tenan, apa mung kanggo abang-abang lambé.
  5. Yarma kaé nggedhèkaké puluk, blanja akèh entèk nyang pangan.
  6. Badrun kaé mogèl ilaté, yèn memangan kudu akèh lan sarwa énak.

B. Gawéa ukara nganggo tembung-tembung entar ing ngisor iki!

 1. tipis lambéné
 2. gedhé endhasé
 3.​ ènthèng tangané
 4. lobok atiné
 5. landhep pèné

6. mbukak wadi
7. kelépétan ala
8. mbuwang tilas
9. nandur kabecikan
10. métani alaning liyan

III. Tuladha:

  1. Ibu arep mundhut dhuwité Ibu sing disimpen ana ing Simpedès.
    Ibu arep mundhut dhuwité Ibu sing kasimpen ana ing Simpedès.
    Ibu arep mundhut dhuwité Ibu sing sinimpen ana ing Simpedès.
    disimpen : di + simpen
    kasimpen : ka + simpen
    sinimpen : simpen + seselan in
  2. Karo Pak Lurah, dhukuh kuwi diparingi jeneng Dhukuh Macan mati.
    Karo Pak Lurah, dhukuh kuwi kaparingan jeneng Dhukuh Macanmati.
    Karo Pak Lurah, dhukuh kuwi pinaringan jeneng Dhukuh Macanmati.
    diparingi : di + paring + i
    kaparingan : ka + paring + an
    pinaringan : paring + seselan in + an

45