Kaca:Kridha Basa 2.pdf/52

Kaca iki wis divalidasi


V. Tuladha:

Ut. mati listriké!
Lho, kok kowé, kapan tekamu?
Ceceg-ceceg ing ngisor iki isenana tembung panguwuh sing cocog sing cumawis ing ngisor!

  1. ..., baloné mumbul!
  2. ..., kaé lho Simbah rawuh!
  3. ..., ya iki sing dakgoleki!
  4. ..., piyé kandhaku mau, rak bener ta!
  5. ..., wis ta mangsa bodhoa kowé kono!
  6. ..., gegermu dirambati uler!
  7. ..., iwak sapiring dientèkaké kucing!
  8. ..., apiké gambarané!
  9. ..., ngono wae nesu!
  10. ..., bocah semono gedhéné isih ngompol!
  1. mangsa
  2. alah
  3. wah
  4. astaga
  5. hi

  1. horé
  2. é
  3. lha
  4. lha lidok
  5. ah

Mara golèka tembung-tembung panguwuh liyané telu baé, lan gawénen ukara!


VI. Wacanen kang patitis, banjur tembangna bebarengan!
  Dhandhanggula
   Tanggap mulat Hyang Arka naketi, dumipèng rat ambabar prabawa, sumirat-sirat soroté,
  méga sinungging wungu, graning arga pinulas wilis, samantara kawuryan,
  Hyang Surya wus mungup, ngancik pucaking aldaka, larut mirut tedhuhing dalu kalindhih,

  sumeblak tanpa sésa.

47