Kaca:Kridha Basa 2.pdf/53

Kaca iki wis divalidasi

  Anglur selur lakuning wong tani, pareng mangkat maring pepasaran, pating krengkèt pikulane, wenèh sikep waluku, maring sawah tegale sami, si gundhul nèthèk kandhang, keboné pinecut. ngucul sarwi tinumpakan, ngénak-énak nèng gigir marep mring wuri, sembari ura-ura.

(Slisir Marèng Tenggèrèng, Pusaka Jawi

Desember 1922 taun I angka 3)

48