Kaca:Kridha Basa 2.pdf/54

Kaca iki wis divalidasi
Wulangan ka-8

A. Wacanen batin!

Sultan Agung Anyakrakusuma

 Kanjeng Sultan Agung Anyakrakusuma mbidhalaken prajurit Mataram nggecak wadyabala Kumpeni ing Betawi. Prajurit-prajurit Mataram punika sadaya prajurit pinilih ingkang dipun pandhégani tetungguling para manggalayuda ingkang kawentar sekti mandraguna, tatag, teteg lan tanggon.

Lampahipun para prajurit kapantha-pantha manut tetumpakanipun. Ingkang numpak kapal ngempal sami ingkang numpak kapal, ingkang numpak turangga ngempal sami ingkang numpak turangga, ingkang lampah dharat ngempal sami ingkang lampah dharat. Sedaya sami asikep dedamel jangkep. Kepa-

49